Lare ingkang teksih alit, inggih ingkang dipun wastani balita (bawah lima tahun) temtu dereng gadah tata krama, dereng saged basa, manawi ngomong taksih ngoko, tur ingih dereng saged ngandeng tembung kanthi jangkeb, boten kendhat anggenipun mulang muruk, Pramila tiyang sepahipun ngandhane supados lare kala wau saya pinter. Umpaminipun manawi dipun paringi supados matur nuwun, nadyan saweg saged ngucap wun. Ugi bab sanesipun ingkang tumuju dhateng kasaenan, mboten pareng nakali kancanipun. Manawi bade pipis supados matur sapanunggalanipun.
Lare ingkang taksih balita dereng ngertos tata krama saha unggah ungguh, malah saged kewastanan “ kamratu ratu “ sedaya kekajenganipun kedah dipun turuti. Manawi boten dipun turuti lajeng nagis utawi beka,. Umpanipun nyuwun dolanan lading, ibunipun boten angsal, sebab lading punika muta watiri, saged damel tatu.
Nanging bab punika ngaten wau larenipun boten mangertos, ngertosipun namung kepengin sebab tiyang sepahipun asring nggunakaken kagem ngonceki utawi ngrajang-ngrajang. Mangertos punapa-punapa ingkang muta watiri, pramila tiyang sepuhipun boten kenging lena kedah ngawasi terus.
Lare sementen punika boten saged dipun salahaken, manawi ngantos wonten kedadosan ingkang boten prayogi inggih tiyang sepahipun ingkang waspada. Umapanipun dolanan sada kasogok sogokaken kompor, wusananipun kompor mubal, ngengingi larenipun. Utawi malah sok saged damel kobongan lare tetep boten saged dipun salahaken. Ingkang dipun salahaken ingih tiyang sepahipun.
Lare manawi sampun wiwit mlebet Sekolah Dasar, badhe tambah unggah-ungguh saha tata kramanipun. Sebab gurunipun badhe ngajari kajawi wulangan ingkan muturut kurikulum ingkang katemtokaken, ugi tata krama tuwin unggah ungguh. Samanten ugi bab Agama. Ing wanci enjang saderengipun wulangan kawiwitan murid – murid sampun caos dhumateng bapak utawi ibu guru , Sugeng enjang pak guru , sugeng enjang bu guru. Lajeng ndonga ngaturaken panuwun saha nyuwun berkahing Gusti Allah supados anggenipun sinau saged lancar tanpa alangan, saged dados lare pinter ing benjangipun saged dados satriya ingkang migunani tumrap masyarakat, agami, Nusa lan Bangsanipun.
Nalika badhe wangsul ugi ndonga malih, ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring berkat anggenipun sinau, nyuwun pangayoman supados anggenipun wansul wonten ing margi boten manggih alangan satungal punapa, wilujeng ngantos dumugining nggriya.
Samaten ugi manawi kapanggih gurunipun wonten pundi kemawon inggih ngucapaken sugeng nurut wancinipun, sugeng enjang, sugeng siyang, sugeng sonten utawi sugeng dalu
Bapak saha ibu guru ugi paring piweling supados lare-lare punika ngajeni lan ngurmati dhumateng tiyang sepahipun, manut miturut manawi dipun utus utawi dipun ngendikani, boten kenging wantun dhumateng tiyang sepuhipun. Dhumateng kanca kancanipun ugi boten pareng nakal.
Wiwit sekolah punika lare tambah tata krama tuwin unggah-ungguhipun boten namung dhumateng tiyang sepahnipun thok, nanging ugi tangga tepalih. Wiwit ngecakaken basa, dhateng kanco-kanco ngoko, nanging dhateng bapak-bapak utawi ubu-ibu basa, nadyan basanipun dereng jangkeb.Saya ageng tata krama lan unggah -ungguh saya mapan, wiwit ngancik SLTP sampun saged ngetrapaken, punapa malih manawi sampun SLTA, kengging kawastanan sampun jangkeb., sebab sampun dewasa ngerti tatakrama kaliyan mulai ngerti ing rasa.




